Jumat, 12 Februari 2016

Kembang Krokus

Assalaamu'alaikum...

Kembang Krokus, ana sing ngerti ra?? yo...sing ra ngerti maca bae nang blog-e inyong kie...
Ah.. ra usah akeh basa-basi, langsung bae yukz... 

Kembang Krokus

Kembang Krokus atau jeneng liyane Saffron (Crocus Satifus L) kue due warna biru ke ungu-unguan. Asal kembang Krokus kie kan daerah Asia Barat Daya (timur tengah). Fungsine kembang Krokus kie nggo bahan rempah-rempah atau nggo pewarna nang panganan, pewarna alami. Kembang Krokus due rasa sing khas, mandan pait karo mambune sing wangi. Ekstrak kan kembang Krokus regane larang banget tulin, anu pengelolahane sing angel karo tanemane sing tahunan, ra mesti ana.
  •  Klafikasi Kembang Krokus
Kingdom : Plantae (tanduran)
Subkingdom : Tracheobionta (tanduran berpembuluh)
Super Divisi : Spermathophyta (ngasilna biji)
Divisi : Magnoliopphyta (kembang tanduran)
Kelas : Liliopsida (due keping siji / monokotil)
Sub Kelas : Llidae
Ordo : Liliales
Famili : Iridaceae
Genus : Crocus
Spesies : Crocus Sativus L


Kembang Krokus kue tanduran tahunan (perenial) sing kembang nang musim gugur. Kembang Krokus kan Mediteranial Timur tepate nang pulau Kreta. Kembang Krokus kie ora bisa nyerbukna alami sebabe kembang kie steril, mulane kembang Krokus perlu bantuan wong [ngerti wong ra?]. Bar rampung kembang, umbine kudu di pacul terus di pisa-pisahna nggo musim tandur sewise. Umbine mung bertahan semusim karo membelah deweke dadi 10 cabang umbi nggo dadi tanduran anyar.

Kembang Krokus
Umbi Kembang Krokus


Umbi kembang Krokus bentuke kaya brambang (globular), diametere 4,5cm, karo ketutupan serat sing pathing serawean nang jabane. Bar ngalami periode estivitas nang musim panas, kan umbine nongol sekitar 5-11 lembar godong ijo ramping sing tumbuh meng duwur. Dawa lembar godong kembang Krokus isa tekan 40cm. Nang musim gugur, bene nongol kunc up kembang warnane ungu. Kembang Krokus bene kembang nang wulan Oktober sawise tandurane wis ngasilna biji. Kembange warnane cemerlang, mulai kan warna ungu padang tekan ungu bernuansa jambon. Pas kembang, duwur tandurane rata-rata 30cm. Kan jero kembang metu 3 tangkai putik sing ujunge ana endas putik warnane abang tua ukuran dawane 25-30mm. Kembang Krokus kie habitate daerah sing akeh udane nang musim semi ning relatif garing nang musim panas kaya nang Yunani, Maroko, Spanyol karo liyane. Budidaya kembang Krokus kie berkembang biak karo biji lan umbine.
Kembang Krokus kandungane werna-werna, ana zeaksantin, likopena, karo liyane, betakaroten, vitamin A, asam folat, riboflavin, niasin,vitamin C, crocin, lan safranal. Kembang Krokus kie be duwe kandungan mineral-mineral penting sing di butuhna aring awak ya kuwe copper, potasium, kalsium, mangan, iron, selenium, zinc, karo magnesium.

Manfaate Kembang Krokus
  1. Nggo kecantikan lan ngalusna kulin
  2. Anti kanker
  3. Ngelancarna aliran darah
  4. Isa nyembuhna luka
  5. Nggo gangguan saluran cerna
  6. Obat batuk
  7. Ngurangi tekanan darah lan kolesterol
  8. Ngobatna anemia
  9. Ngurangi resiko serangan jantung
  10. Obat lara kolik
  11. Anti-karsinogenik
  12. Anti-mutagenik
  13. Ngatasi depresi lan stres
  14. Ningkatna gairah seksua
  15. Ngobatna skabies
  16. Benerna sistem imun nang awak
  17. Antioksidan
  18. Kembang Krokus nggo ibu sebagai obat penenang alami
  19. Manfaate kembang Krokus nggo rai isa di nggo ngilangna jerawat
Ngonsumsi kembang Krokus apike sesuai takaran, ra keakehan nggo jaga  kesehatan awak.

Sekian informasi tentang kembang Krokus kie, semoga bermafaat nggo kabehan. (^_^)